Pagelaran Wayang


Urut-urutaning carita ing pagelaran wayang

Lakon kang dicaritakake dening dhalang ana ing pagelaran wayang, embuh lakon apa bae, urut-urutaning carita ajeg padha bae, mangkene:

  1. Jejer (pathet nenem) = nggambarake getering cipta.
  2. Kadhatonan, Sang Prabu tetemon karo Sang Prameswari, nggambarake manunggale cipta karo rasa dadi karsa, yaiku karsa nedya nganakake turun.
  3. Paseban jaba, nggambarake lairing jabang-bayi.
  4. Bodholan (budhaling wadyabala), nggambarake polahe bayi.
  5. Jejer Sabrangan, nggambarake bayi wis mundhak gedhe (dadi bocah) wiwit darbe pepenginan.
  6. Perang gagal (perange wadyabala kang kasebut ing angka 1 lumawan wadyabala ing angka 5) durung ana pepati, iku nggambarake bocah kang durung diwasa durung bisa meper pepenginane ngendhaleni kamurkane. Salebare perang gagal banjur ganti pathet sanga
  7. Jejer pandhita dipurwakani gara-gara, bambang (satriya nonoman) ngadhep pandhita, nggambarake bocah wis gedhe, tinarbuka atine kepengin nggilut kawruh ngangsu ngelmu, kanggo sanguning urip sabanjure.
  8. Adegan ing madyaning alas : danawa 3 (lan Togog, tarkadang karo Saraita). Alas iku pralambanging pepeteng (petenging ati), danawa 3 nggambarake watak angkara-murka kang njalari petenging ati. Sang Bambang kepethuk danawa 3 iku, satemah dadi pancakara kang diarani perang kembang, wasanane danawa 3 iku mati kabeh. Iku nggambarake nonoman (pemudha) kang wiwit bisa ngendhaleni kemurkane, amarga wis nggilut kawruh ngangsu ngelmu. Salebare perang kembang banjur ganti pathet manyura. Tembung “manyura” iku asale saka tembung Jawa-kuna “mayura“, tegese : merak (araning manuk). Diarani pathet “mayura” (merak), jalaran pathet iku kanggone ing wayah “perak esuk“.
  9. Adegan warna-warna, iku nggambarake ngaurip ngalami lelakon maneka warna, kayata : bungah-susah, mujur-kojur, begja cilaka, asor-jaya lsp.
  10. Perang brubuh mawa gendhing sampak, Ratu kang kasebut ing jejer sabrangan saawadyabalane teka ing nagara kang kasebut ing jejer kawitan (ing angka 1), satemah dumadi perang amuk-amukan (perang brubuh). Wasanane wadyabala saka sabrang saratune pisan sirna gempang tumpes-tapis. Manawa ratune iku malihane satriya utawa malihane putri, banjur badhar dadi rupane kang sejati. Kang mungkasi perang brubuh iku yen ing jamane Pandawa mesthi Bhima (Wrekudara) yen ing jamane Prabu Rama mesthi Hanuman. Bhima lan Hanuman iku sinebut Bayusuta, tegese anak angin, maksude : angin cilik, yaiku : napas (ambekan). Tandhange Bhima utawa Hanuman sajrone perang brubuh nggambarake napas kang ngukut sakabehe pancadriya nalikane manungsa ngalami sakarat (sakaratilmaut).
  11. Kumpule para Ratu (sarta para rajaputra) kang kasebut ing jejer kawitan (ing angka 1) ngendikakake lega lan mareming panggalih dene wis bisa mbrastha rubeda, satemah ing sabanjure bisa ngalami tentrem-ayem. Iku nggambarake manungsa tinggal ndonya kanthi tentrem (Indonesia  : meninggal dunia dengan tenang), amarga wis kalis ing sawarnaning rubeda.

kapethik saking:

Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita Jilid 1

dening S. Padmosoekotjo; 1984

kaca: 17-18

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

  • ARSIP

  • sigitbs

%d bloggers like this: