Timbule Bathari Durga


Sapa ta sebenere Bathari Durga Iku?

Pitakonan iku nate dadi bahan rembugan rame ing papan pakaryan. Ing sawijining wektu, aku nyoba bukak buku anggitane S. Padmosoekotjo kanggo nggoleki sapa ta sejatine Bathari Durga iku. Pranyata usahaku iku mau bisa nggawa kasil. Ing buku anggitane Padmosoekotjo kaca 63-65, timbule Bathari Durga kacaritakake mangkene:

Kacarita ing sawijining dina Sang Hyang Jagadnata (Bathara Guru) nganglang jagad bebarengan karo Dewi Uma, padha nitih Lembu Nandini mahawan gegana. Ing wayah sandyakala tindake Bathara Guru lan Dewi Uma tekan ing sandhuwure segara, saelore tanah Jawa. Dumadakan Bathara Guru ketuwuhan nafsu kapengin saresmi karo Dewi Uma. Adrenging karsane Bathara Guru nedyasaresmi wis ora kena sinayutan, nanging Dewi Uma ora karsa nglanggati, amarga rumaos lingsem yen ta nganti kalakona lambang-sari ana ing gigire lembu Nandini. Dening Dewi Uma, Bathara Guru diaturi nyabarake  panggalihe nganti sakondure ing kahyanganArgadumilah. Nanging karsane Bathara Guru wis ora kena dipenggak, mulane Dewi Uma tumuli dicandhak, banjur dipangku. Bareng nedya sinanggama, Dewi Uma nginggati. Bathara Guru wis kebanjur korut kamane. Amarga Dewi Uma nginggati, kamane Batahara Guru banjur tiba ing sagara. Ya kamane Bathara Guru iku kang wasanane banjur dadi Batahara Kala.

Nalika Dewi Uma pinangku dening Batahara Guru nedya sinanggama, nginggati karo ngendika : “Dhuh pangeran, guru laki kawula! Paduka punika satuhu mbawani bawana, sinembah-sembah ing sagung tumuwuh. Eman, dene paduka kok taksih gampil kawasesa dening rajah-tanah kados pambeganing DANAWA”

Saka mandining sabdane Dewi Uma, ing sanalika iku uga Bathara Guru banjur mawa SIYUNG kaya DANAWA. Bathara Guru rumaos kelingseman, enggal-enggal kondur menyang kahyangan. Sarawuhe ing Kahyangan Argadumilah, Bathara Guru banjur ajejuluk Sang Hyang Randhuwana (Amarga mawa siyung kang gedhene padha karo woh randhuwana).

Pamburine, amarga rumaos lingsem darbe siyung kaya danawa lan darbe putra awujud raseksa (yaiku Bathara Kala), Bathara Guru tuwuh dukane marang Dewi Uma. Sang Dewi kang dianggep dadi tuk-ing panandhang lingsem. Saka bangeting dukane Bathara Guru, nganti mentala milara marang Dewi Uma. Sang Dewi jerit-jerit asesambat. Nalika iku Bathara Guru ngendika “Heh Uma! Sira iku kena sinebut musthikaning ayu, nanging panjeritira kaya pangeriking RASEKSI“.

Saka mandining sabdane Bathara Guru, sanalika Dewi Uma salin warna asipat raseksi. Sak bangeting sungkawa lan lingseme, Sang Dewi kang wis awujud raseksi iku banjur ndhoprok nyungkemi padane Bathara Guru, nyuwun pangaksama karo muwun kelara-lara.

“Wis ta Uma! Aja karuna! Sira narimaa ing karsane kang murbeng pasthi. Sira salin warna raseksi, nanging mung wadhagira bae, sarta pinesthi bakal dadi jodhone si Kala; dene alusira tetep dadi garwaningsun”. Mangkono ngendikane Bathara Guru.

Ing nalika iku Bathara Guru rumaos keduwung, nutuh marang kliruning tindake dhewe. Sawise manggalih kliruning tindake sawatara suwene, Sang Hyang Jagadnata banjur mahas ing asepi manungku puja samadi, maneges karsane kang murbeng dumadi. Sanalika sirna kamanungsane Sang Hyang Jagadnata, tetep wus aran aran ngraga suksma, ora ana kang kadulu kajaba mung cahya kang nglimputi ing sakabehe. Sang Jagadnata waspada ing pandulu, priksa gawang-gawangan yen ingkang uwa Sang Hyang Caturkanaka, putrane Sang Hyang Darmajaka kadange Sang Hyang Wenang, kagungan garwa apeparab Dewi Laksmi wis apeputra 3. Sang Dewi banget sulistya ing warna, prasasat kembar lir jambe sinigar karo Dewi Uma nalika durung salin warna raseksi.Dewi Laksmi pineleng ing cipta dening Sang Hyang Jagadnata; let sakedhep netra mak jleg! Sang Dewi prapta ing ngarsane Sang Hayng Jagadnata. Dening Sang Hyang Jagadnata kang nalika samana isih ana ing sajrone muja samadi, yitmane Dewi Laksmi disasmitani pindhah marang wadhage Dewi Uma, lan yitmane Dewi Uma pindhah marang wadhage Dewi Laksmi. Wis karsane Allah Tangala, sasedyane Sang Hyang Jagadnata jinurungan. Sawise Dewi Uma kang wis asipat raseksi liron yitma karo Dewi Laksmi, Sang Hyang Jagadnata tumuli mudhar samadi, banjur negndika: “Heh Laksmi kang wus manuksma marang kang asipat raseksi! Sira ingsung patedhani aran Bathari Durga sarta ingsun tarimakake marang putraningsun si Kala dadia jodhonira. Dene sira Uma kang wus manuksma marang Laksmi, lestaria aran Umayi, tetepa dadi garwaningsun”.

Mangkono iku mau mau carita timbule Bathari Durga,

mugi-mugi saged migunani…

carita ing ndhuwur uga katulis ing blog wayang

Comments
2 Responses to “Timbule Bathari Durga”
  1. Anonymous says:

    mawi mundhut buku buku ngaten puniko dateng pundi nggih mas

    • admin says:

      punika buku lawas Mas, kula angsal saking perpustakaan pribadi eyang kula. Irah-irahanipun: Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita Jilid 1 dening : S. Padmosoekotjo kacithak taun 1984. Mbokmenawi sapunika sampun boten kacithak malih. Namung cobi, mangke kula pados informasi rumiyin…

      Matur Nuwun sampun kersa mampir.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

  • ARSIP

  • sigitbs

%d bloggers like this: